INFORMASI :

Selamat datang di website resmi Desa Redisari, Kecamatan Rowokele, Kabupaten Kebumen,  Untuk menjalani kehidupan yang kreatif, kita harus kehilangan rasa takut untuk berbuat salah... "Tetaplah kreatif, teruslah aktif. Hidup indah dengan berkarya."

CONTOH PASRAH PENGANTEN PUTRA BAHASA JAWA

CONTOH PASRAH PENGANTEN PUTRA BAHASA JAWA

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 

Keparengo Kawulo Matur Wonten Ngarso Panjenengan  Minangka Duta-Sarayanipun Bapa ……… Ingkang Pidalem Ing Tlatah Desa ………Kecamatan ……… Kabupaten ……….

Saderengipun Kula Ngaturaken Menggah Wigatosing Pisowan, Keparenga Langkung Rumiyin Kula Ngonjukaken Suka-Syukur Tuwin Sembah Puji Ing Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, Inggih Awit Rumentahing Barokah Tuwin Kawilujengan, Satemah Lampah Kula Manggih Rahayu-Wilujeng Kalis Saking Pringgabayaning Margi.

Minangka Purwakaning Atur, Kula Kinen Ngaturaken Salam Taklimipun  Bopo Marsigit Sakalihan, Mugi Katur Dumateng Keluargo Agung Bopo ………… Sakalihan Garwa.

Sumusul Atur Ingkang Angka Kalih, Sowan Kula Saperlu Nglarapaken  Sekar Cepaka Mulya Sasele Inggih Pinanganten Kakung Anak mas …………, Putra Kakungipun Bapa Marsigit.

Kanti Waosan Bismilajirohmanirohim Putra Pinanganten Kakung Kula Aturaken Panjenengan. Kawulo Suwun Dumateng Keluargo Bopo ………… Kanti Lilo Legawaning Manah.Mugi" Saged Katampi Kalih Asto Kekalih, Sagedo Kaguluwentah Kadyo Dene Putro Piayambak,  Ugo Sagedo Mangke Dipun Arahaken,Dipun Bimbing Tumuju Dalan Ingkang Utomo

Mboten Singlar Saking Angger"Ing Toto Krami Pranatan Agami,Pranatan Nagari Dadoso Keluargo Ingkang Sakinah Mawadah Warahmah.

Bopo ………… Kulo Sowan Minangka Sulih Saliro Katresnan Keluargo Pinanganten Kakung, Kula Kinanthen Sasana Redana Awujud Ubarampe Sawatawis, Mugi-Mugi Katampia Kanthi Suka Renaning Panggalih, Keluargo Bopo …………  Sekalian Garwo , Sarta Sageda Nambahi Raketing Pasadherekan.

Sasampunipun Adicoro Pawiwahan Sak Mangke .Kula Samadyo Bolo Pinanganten Kakung, Bade Nyuwun Pamit Wangsul Wonten Dalem Sowang-Sowang Tansah Jumurung Ing Karsa Sinartan Puji-Donga, Mugi-Mugi Gusti Ingkang Maha Agung Ngijabahi Sedya-Tama Punika. Amiin.

Minangka Panutuping Atur, Kula Titah Sawantah, Tartamtu Kathah Kalepatan  Tuwin Kekiranganipun. Awit Saking Punika, Kiranging Subasita Miwah Tumpah-Suhing Basa, Kula Nyuwun Agunging Pangaksama.

 

Wabillahi Taufik wal Hidayah Wassalamualaikum

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Bagikan :

Tambahkan Komentar Ke Twitter

Kebumen Terkini

Arsip Berita

Data Desa

Statistik Pengunjung

Polling 1

Polling 2